RSS

Jenenge Penggawean (Basa Jawa)




Jenenge Penggawean
Bakul : Tukang bakulan barang.
Blandhong : Tukang negor kayu.
Blantik : Tukang dol tinuku kewan.
Cantrik : Abdine pandhita.
Carik : Juru tulis kalurahan.
Dhalang : Tukang nglakokne lan nyritakne wayang.
Emban : Wong sing gaweane momong bocah.
Gamel : Tukang ngopeni jaran.
Gandhek : Utusane ratu.
Gemblak : Tukang gawe barang soko kuningan.
Gerji : Tukang ndondomi klambi,penjahit.
Jagal : Tukang nyembelih rajakaya.
Jlagra : Tukang natah watu.
Kemasan : Tukang emas.
Kundhi : Tukang gawe grabah.
Molang : Bakul rajakaya.
Mranggi : Tukang gawe wrangka.
Pakathik : Tukang nuntun jaran.
Palayangan : Tukang ngeterake layang.
Pandhe : Tukang gawe barang soko wesi.
Panegar : Tukang ngajari jaran.
Panjak : Wong kang mbiyantu pandhe utawa wiyaga.
Para : Bakul emaxs inten.
Pasindhen : Wong kang nembang bareng gamelan.
Sarawedi : Tukang adol utawa nggosok inten lsp.
Sayang : Tukang gawe barang soko tembogo.
Srati : Tukang ngupakara gajah.
Undhagi : Tukang gawe bekakas soko kayu.

20 komentar:

Unknown mengatakan...

maturnuwun neng Any..
mergo pontingan sliramu,aku iso mangsuli pitakone anakku. ^_^

Unknown mengatakan...

Njeh,.. Sami2

Babat Tanah Jawa mengatakan...

Pekatik kuwi aran wong sik ngopeni jaran.
seko makani, ngedusi tekan mlakoke.

Babat Tanah Jawa mengatakan...

Gamel kuwi aran wong nggawe gamelan.

wah sampean dapat ilmu dari mana kok ngawur banget

rumit mengatakan...

isih akeh penggawean sing drg di tulis

Unknown mengatakan...

Ngrumat pasarean jenenge apa?

Unknown mengatakan...

Neng Anni tlng dong arane pegawe bank

Unknown mengatakan...

Neng any saya mau tanya wong sing gaweane nyembelih rajakaya

Unknown mengatakan...

Juru kunci

Unknown mengatakan...

Jagal

Unknown mengatakan...

Midonopati diarani

Unknown mengatakan...

Matur Nuwun :D

Unknown mengatakan...

Merbot niku penggawean nopo

KOST MUSLIM mengatakan...

ngurusi masjid

Unknown mengatakan...

Prigel ngopeni jaran ?

Unknown mengatakan...

Tukang gawe gamelan. Kui jenenge opo

Unknown mengatakan...

Ngeteh

Unknown mengatakan...

Arsitek jinise pengawean npo neng

Carolus Borromeus Giovanni Malvin Krisnawan mengatakan...

Matur nuwun jawabanipun

SeputarIT mengatakan...

terimakasih

Posting Komentar

Copyright 2009 Neng Ingin Berbagi. All rights reserved.
Bread Machine Reviews | watch free movies online by Blogger Templates